Bupati Hendy Nesu, Anak Buahe Mokong : “Leren Maren Nyambut Gawe”

Bupati Hendy Nesu
Foto : Bupati Jember Hendy Siswanto

Loading

JEMBER – JEMPOL – Bupati Hendy nesu, krungu kabar anak buahe cengkal, wis kadung salah kedaden, tinggalane bayangan lawas. Pejabat mantan anak buahe jaman Bupati Faida, gak gelem teko diundang Panitia Khusus Covid 19 DPRD Jember, mbahas dugaan penyimpangan dana Covid 19, sing miturut Laporang Hasil Pemeriksaan (LHP) BPK ono penyimpangan.

“Wajib hadir. Kalau gak hadir kudu duwe alasan jelas. Ngawur ae gak teko. Dibayar negoro gak teko, leren maren nyambut gawe,” Ngendikane Bupati  Hendy nesu.

Bupati Hendy Siswanto wis mrintahno  kabeh pejabat Pemerintah Kabupaten Jember, wajib teko lamun diundang rapat kerja DPRD Jember. Bupati Hendy bakalan nyeluk  sopo wae pejabat sing macem-macem gak nekani undangan rapat Pansus  Covid-19 DPRD Jember, Senin wingi (14/6/2021).

Pejabat  sing jarene gak gelem nakani undangan dewan, antarane, mantan kepala organisasi perangkat daerah (OPD) yang pernah tergabung dalam Satuan Tegas Penanganan Covid-19 pada era Bupati Faida. Mereka adalah mantan Kepala Dinas Kesehatan Dyah Kusworini, mantan kepala Dinas Komunikasi dan Informatika Gatot Triyono, mantan kepala Bagian Umum Danang Andriasmara, mantan Sekretaris Satuan Tugas Covid-19 Satuki, mantan Bendahara Satgas Covid.

“Ngawur ae gak teko. Dibayar rakyat gak teko. Ngawur ae. Mosok gak teko kabeh, Rek. Gak bener iki,” ngendikane Bupati.

Bupati hendy nyaranno supoyo dewan manggil maneh, umpomo sik gak gelem teko, panjenengane bakal maringi ukuman.

“wis gak  teguran maneh, ancaman. Umpama sik gak gelem  teko, berarti yo ancene ono sing gak bener. Lek wis ngono yo ben pulisi ae sing manggil,” jaene Hendy.

Pelanggaran Sing Nyrempet pidana :

  1. Belanja barang jasa nilaine  Rp 202,78 miliar, laporane  luwih duwur, dibanding belanja pegawai sing luwih rendah
  2. Laporan kas ning bendahara, pengeluaran per 31 Desember 2020, gedene Rp 107,09 miliar, gak  sesuai karo  SAP,
  3. Realisasi belanja tim manajemen Bantuan Operasional Sekolah (BOS) lan Penyelenggaraan Pendidikan Gratis (PPG) sebesar Rp 66,59 miliar  gak ono rekape,
  4. Realisasi pembayaran belanja pegawai, sebesar Rp 68,80 miliar, gak sesuai karo  SAP
  5. utang jangka pendek sebesar Rp 31,57 miliar  gak  didukung dokumen.

Total  kabeh Rp 274,05 miliar, sing Jarene iso nyrempet pidana. (*)

 

Table of Contents