18 C
East Java

Bupati Hendy Dodolan Beras, Lombok, Kopi Nang Jakarta

JEMBER – JEMPOL Bupati Hendy Dodolan Beras, Lombok, Beras Nang Jakarta. Nalikane nembe dilantik, Bupati Hendy  angsal sesasi, wis ngaku nate diskusi karone Gubernur DKI Jakarta Anies Baswedan, kanggo njalin kerjasama, utamane sektor pertanian.

“Terus terang Pak Anies Baswedan kancaku lawas. Wis suwe awak dewe sahabatan. Kiro – kiro lebih sepuuh tahun, Saiki slirane ngajak kerjasama. Pak Anis, kate tuku hasil bumine awak dewe,” pituture Hendy, nalikane sesampune  rapat tingkat tinggi Tim Pengendali Inflasi Daerah Jember, ning  Pendapa Wahyawibawagraha, Jumat (23/4/2021) sing kepungkur.

Rupane niatan iku, terus digagas, miturut Sekdakab Jember Ir Mirfano, nalikane ditakoni Wartawan ning ruang kerjane, Mirfano ngendikan Bupati Hendy wis mari tanda tangan MOU karone Pemerintah DKI Jakarta.

“Saiki karek PKS (Perjanjian Kerja Sama), Jakarta tuku kopi, beras, karo Lombok nang Jember, yo kerjasama karo petani Jember,” jare Mirfano.

Mirfano ngendikan, mau dino Kamis (17/6/2021) dilaksanakno vidio telekonferen antarane Pemkab Jember karo Pemprov DKI Jakarta, sing dimeloki karo salah sijine PT Food Station Tjipinang Jaya, BMUD ne Pemprov DKI Jakarta, mbahas perkoro kerjasama.

“Konco-konco food station wis ono sing nang Jember,” jare Mirfano.

Pemprov DKI Jakarta, rupane ngerti potensi pertanian nang kabupaten Jember, mangkane jare Mirfano, DKI Jakarta ndisiki, nekani Jember kanggo menginisiasi kerjasama, antarane Beras, cabe karo kopi.

“Urusan beras wis rampung, soko Sumber jambe, mergo petanine wis produksi organic, tinggal DKI Jakarta nyuwun perbaikan kualitas,” jare Mirfano.

Sing urusan cabe, Mirfano nuturne, sik kate ditemokne karo petani kecamatan Wuluhan. Termasuk urusan kopi, wis kate ditemokno karo kelompok tani kopi.

Sakjane jarak antara Jember – Jakarta, lumayan adoh, pengaruhi nang rego barang. Mirfano yo durung ngerti opo alasane DKI Jakarta gelem mbangun kerjasama karo Jember.

“Kalo urusan produksi barang pertanian, Jember wis cek siape,” Mirfano negesno.

Rembukane ancen sik durung nang urusan tehnis, koyok soal piro regane, Cuma Mirfano yo ngarep, mugo-mugo regane sesuai.

Tindak lanjut rembukan ukoro Perjanjian Kerja Sama, Mirfano nawakno bakal ditanda tangani nalikane pameran APKASI (Asosiasi Pemerintah Kabupaten Seluruh Indonesia), kiro-kiro sasi ngarep (Juli 2021), nang Jakarta.

“Tapi iku sik tawaran, mugo-mugo ae gelem,” jare Mirfano.

Nang ngarep, Jember kudune wis mulai mikir yo opo carane, nerusno ngendikane Presiden Jokowi, supoyo Jember duwe “satu data”.

Ditakoni perkoro kesiapan pejabat pemkab Jember, Mirfano negesi kudune yo wis mulai mbenahi.

“Kan wis wayahe Birokrasine, mbenahi diri,” Mirfano mungkasi. (mmt)

 

Table of Contents
- Advertisement -spot_img

Berita Populer

- Advertisement -spot_img