Sidoarjo_ jempolindo.id _ Sopo sih Yuk Lia sing dadi rasan – rasan wong Kampung Kali Kajang Sidoarjo iku, kok podo ribut ngrasani.
Restu Kyai Untuk Orang Baik
“Yuk Lia iku gampang semrawung, wonge gemati yo,” jare Muinah, Warga Kali Kajang.
Muinah gak bosen – bosen ngomentari rawuhe Yuk Lia nang Kampung Kali Kajang. Jum’at (27/11/2020).
Jane Yuk Lia iku jeneng akrabe Astrilia Kurniati, garwane Calon Bupati Kabupaten Sidoarjo nomor urut siji Bambang Haryo Soekartono (BHS).
Sopo sing gak kaget, Yuk Lia ujug – ujug mlebu pawon, cekekal mbantu ibu – ibu sing lagi masak nyiapno daharan tamu.
Muinah sing lagi asyik mususi iwak hasil tangkepan warga Kali Kajang, ketok rikuh dibarengi Yuk Lia masak.
Babar pisan wing ndeso koyok Muinah gak tau ngimpi masak dikancani garwane Calon Pemimpin Sidoarjo.
“Kulo kiyambak malah sungkan, ngurusi kotor-kotor ngeteniki,” jare Mainah.
Yuk Lia katon santai ndelok Muinah sing gupuh karepe dewe, koyok salah tingkah, untunge Yuk Lia iso ngepek atine Muinah supoyo gak ndredeg.
“Mboten menopo bu, wis dadi tugas e ibu-ibu nggih ngeten pun,” Yuk lia malah ngancani ngobrol Muinah, crito pengalamane nyiapno masak iwak sing wis biasa dilakoni.
“Ibu, iwak iku sing seger niku Insange niku ketok abang ngeten niki, menawi sampun mboten abang niku sampun mboten seger,” ngendikane Yuk Lia. (*)