17.8 C
East Java

Gak Usah Sedih Rek, Bupati Hendy  Nglarang Buka  Panggon Hiburan Karo Wisata  Wayah Libur Lebaran

Loading

JEMBER – JEMPOL – Bupati H Hendy gak ngolehi   panggonan  hiburan karo wisata buka wayah liburan Idul fitri.  Larangan iku disampekno Bupati  wayah  Rapat Koordinasi Penegakan Disiplin Protokol Kesehatan dan Penanganan Covid-19 nang  Kabupaten Jember, manggon nang Gedung Aula PB Sudirman Jember.

Sak teruse, Bupati Hendy ngongkon dinas pariwisata supoyo nerusno larangan buka  panggonan wisata sing kiro – kiro  iso nekakno wong ngrumbul, koyok toh  Pantai Watu Ulo.

“Engkuk disiapno  Surat Edaran Larangan, lek gak disiapno surat, iso  bahaya, soale  ono potensi puluhan ewu  masyarakat sing iso ae nggrumbul nang Watu Ulo,” pituture Bupati.

Kanggo lokasi berbayar lan lokasi wisata indoor (nang jero ruangan opo gedung)  wajib diterapno  pengetatan kegiatan masyarakat, karo nerapno kewajiban screening test antigen/genose.

Miturut  Bupati Hendy, Kebijakan  nutup panggonan wisata wayah  lebaran,tujuane kanggo  ngantisipasi, iso ae  malah  nambahi akeh sing ketularan pandemic covid 19. Data sak  untoro, jarene  Bupati, sampek  tanggal 4 Mei 2021 ono 6.938 kasus aktif,  pasien sing wis waras cacahe 6.428 wong, mati  474 wong lan suspek 15 orang.

Mesio jare Bupati  status Jember, sampek  tanggal 3 Mei 2021 ono  14.527 RT nang Kabupaten Jember, klebu status zona kuning kiro – kiro  24 (0,17%) RT, klebu zona hijau akehe  14.485 RT (99,83%).

Wayah   acara sing ditekani  Camat lan  Lurah sak  kabupaten Jember iku, Bupati Hendy maringi prentah, khusus Bupati nang Satgas Covid-19 tingkat Kabupaten, Kecamatan lan  Desa, supoyo tenanan olehe ngecek kahanan, kanggo nyegah  wong nggrumbul, njogo lan ngatur wong wira – wiri nang  panggonan wong blonjo, koyok toh mall, pasar lan stasiun.

“Mall kudu nerapno system mlebu metu sing pisah,  mbok menowo pengunjung wis kebak, sesuai aturan protocol, kudu diterapno pembatasan nang njobo mall,” jare Bupati.

Wis nate diomongno,  Bupati Hendy  ugo ngongkon kabeh ASN lan pegawai nang lingkungan Pemda Kabupaten Jember, supoyo gak usah mudik,  sak wise lebara kudu tepat waktu, gak telat, kudu wis mlebu kerjo koyok biasane.

Bupati Hendy ugo woro – woro, nang warga sing sik nang njobo Jember, gak usah mulih nang Jember sik.

”Wong sing mlebu Jember, bakal dilebokno karantina nang ndesone, kiro-kiro  5×24 jam”, tuture  Bupati Hendy.

Masalah  Sholat Idul Fitri 1442 H, jarene Bupati sik oleh nglakoni koyok biasane,  mergo gurung ono  larangan, masio  waktu sholat id, kudu  nganggo protocol Kesehatan  ketat. Bupati Hendy  ngarep supoyo ono petugas khusus nang lokasi ibadah,  sing iso ngatur jarak antar jamaah lan ngawasi protocol covid 19.

“Kelawan nerapno protocol Kesehatan sing  ketat, disiplin lan  konsisten, awak dewe mandu masyarakat nuju urip  normal. Sehinggo  mampu nglakoni kegiatan ekonomi, urip bebarengan lan mbangun  peradaban anyar sing luwih apik yang lebih baik,” pungkasane. (wildan)

Table of Contents

- Advertisement -spot_img
- Advertisement -spot_img

Berita Populer